_Oleh: Sekar Wikan dan Rifani Nur_
Ing desa Girisekar, ana bocah sing jenenge Legénda karo Baskara. Kekancane Legenda karo Baskara wis kaya sedulur tunggal kandung. Olehe kekancan ora mung setahun rong tahun, ananging wes ket jaman cilikan. Seprana seprene, kekarone ora tau ndue perkara utawa masalah. Angger eneng babakan sing kira-kira ora pas, mesthi wae ana sek ngalah. Kekarone wis pada reti antarane siji lan sijine
Nalikane wis gede, Legenda karo Baskara sekolah ana ing sekolahan sing padha. Umume cah enom kang ngancik umur dewasa, ana ati kekarone uwis tuwuh rasa tresna marang kenya kancane sekolah. Ana ing babakan iki, sedulurane Legenda karo Baskara bakal nemu pacoban
Jenenge Kinanthi, kenya kancane sekolah Legenda karo Baskara. Bocahe ayu lan nengsemake. Ndelalah ya anteng, pinter lan sopan. Uwis rada sakwetara Legenda ngrasakke tresna marang Kinanthi. Nanging ndilalahe, Kinanthi luwih milih nibakke atine marang Baskara
Reti khahanan iki, Legenda ora trima. Atine panas nalika reti Kinanthi sing ditresnani malah milih kancane dewe yaiku Baskara
"Tegel koe Bas, tegel...," ngono suara atine Legenda sing kebak rasa emosi
Ati panas Legenda tambah umup nalikane reti Baskara karo Kinanthi gegandengan. Bener ana unen-unen yen tresna kuwi wuta. Nuruti hawa panase ati, Legenda wis gembleng niat rep ngejak bubrah le seduluran karo Baskara
"Kudu gelut iki...kudu.., iki wis harga diri wong lanang..," suara atine Legenda wis kebak rasa ora karu-karuan
Bubar sekolah Legenda nemoni Baskara, intine Legenda ngejak ngrampungke perkara iki kanthi cara wong lanang
"Bas..., awake dewe le kekancan wis kaya sedulur. Aku ora ngira yen kowe tega ngrebut Kinanthi. Wis, saiki le kekancan awake dewe dicukupke semene ae. Ayo Bas, nak nyata koe lanang, koe gelut karo aku nang lapangan," ngono kui tembunge Legenda karo malangkerik nang ngarepe Baskara
"Sabar Nda..., iki eneng masalah apa, kok ujuk-ujuk koe ngejak gelut aku," ngono Baskara le semaur
"Koe wis ngrebut Kinanthi..koe reti ta nak aku tresna karo Kinanthi.." Legenda neruske tembunge
"Ora Nda, aku ora arep gelut karo koe..., gelut kui ora isa kanggo ngrampungke perkara, nanging malah nambahi lerkara. Saiki ngene ae, iki eneng Kinanthi, gek saiki awake dewe takon langsung karo Kinanti," ngono le nyauri Baskara kanthi sabar
Legenda banjur ngematke Kinanti sing nangis ning pinggir lapangan, banjur omong, "Aku wes omong ket biyen ta Nan, aku tresna karo koe tenanan. Nanging opo sek tak olehke? aku mung oleh lara ne. Wong sek tak tresnani, nresnani wong liya. Apa meneh kui kancaku dewe Nan?"
Kinanti ngrasakke trenyuh neng ati, banjur wani namatke Legenda sek wes siap meh ngantem Baskara.
"Legenda, koe ki jane ora tresna ro aku. Iku kabeh mung obsesi mu," wangsul Kinanti.
"Maksudmu apa nan? Kanggomu aku mung ngapusi?, iyo?." bengok Legenda sek marakke Kinanti tambah ngetokke eluh.
"Nda, bener apa sek di omongke Kinanti, koe iki mung obsesi. Yen koe tresna tenanan ro Kinanti, koe bakal seneng namatke wong sek mbok tresnani kuwi bungah. Senajan seneng nge ora karo koe. Elingen iki, yen paling duwur tresna iku iso ngikhlaske," wangsulane Baskara melu nyelani rembuk
"Ikhlas? Iki lara Bas. Lara...awakku apik, nanging atiku? Ora Bas, aku getun reti ndue kanca sing kaya koe iki. Donya iki ora adil." Legenda nyauri kanthi gethem-gethem
Sakwise nyunyak isi atine, Legenda mlayu metu gerbang sekolah. Rasa kuciwa gawe peteng ati lan mripate. Legenda mlayu waton nyebrang dalan ngarep sekolahan, ora namatke ana motor opo kendaraan sing liwat
Ndilalah, seka ing sisih tengen ana mobil truk sing gawa muatan mlaku banter. Baskara sek ngerti kabeh kui melu mlayu lan mbengok
"Legenda....Legendaa....awasss..!!!"
Baskara mbengok karo mlayu nututi Legenda. Kanthi trengginas, Baskara banjur nyaut tangane Legenda sing wes meh ketabrak. Untunge Baskara iso narik tangane, telat sak detik wae, Legenda ora mung kelangan Kinanti ning nyawane ya isa ilang. Baskara ngucapke syukur kancane isih isa slamet.
Kanti kedadeyan kui, Legenda ning kono gur isa nangis. Legenda dadi sadar, Baskara ora salah, merga Kinanthi ya tresna karo Baskara. Ati lan tresna cen ora isa diapusi.
"Legenda, ngapa nangis. Ana sek lara ta, ayo neng rumah sakit sek." Tembunge Baskara
Legenda banjur nubruk ngrangkul Baskara. Krungu tembunge Baskara, Legenda isa ngrasakke yen Baskara ikhlas tenan kekancan lan paseduluran. Atine banjur krasa tenang lan aman. Rasa sek sempet ilang, saiki isa dirasakke meneh.
"Aku njaluk gedene pangapuramu Bas. Aku wes ngalarani koe, ninge koe tetep wae nulung aku. Kudune aku mau mbok tok ke wae."
Baskara mesem, "Koe ki kancaku ya sedulurku, aku ora bakalan tega namatke koe keneng cilaka."
"Sing uwis yo uwis. Saiki ayo dijipuk dadi pelajaran wae. Awake dewe karo Kinanthi ki isih sekolah. Isih dawa masa depan lan cita-cita sing kudu digayuh. Sesuk yen wis tekan wancine, awake dewe bakalan nemu jodho sing wis ditakdirke Gusti."
Legenda banjur manthuk-manthuk,
"Suwun Bas, suwun. Jasamu ora bakal tak lalekke tekane aku mati. Aku sadar kekancan sejati iku ora gampang bubrah mung merga ana perkara, apa meneh merga perkara kaya ngene. Awake dewe wani ngrampungke masalah nganggo cara apik-apik iku jenenge dewasa," Legenda semaur banjur ngrangkul Baskara meneh
Cerita Legenda lan Baskara iki isa kanggo tuladha. Sikap Baskara sing dewasa isa dadi contoh sik apik. Legenda sing isa nampa kasunyatan kanthi ikhlas senajan kuciwa lan lara ya sikap sing dewasa
Kekarone banjur bali kekancan lan paseduluran. Sinau mempeng lan usaha nggayuh cita-citane. Lulus kuliah Baskara banjur dadi guru, Legenda dadi tentara. Ndilalah takdire Gusti, Kinanti ketemu jodhone dewe. Dudu Baskara lan dudu Legenda, nanging Bagus Pranata kakak kelase sing dadi pengusaha
_Sekar Wikan dan Rifani Nur adalah siswi kelas 11 SMA 2 Playen, Gunungkidul. Tulisan ini terpilih sebagai juara lomba penulisan Cerkak (cerita cekak) Bahasa Jawa yang diadakan oleh sekolahannya_